Rabu, 15 Januari 2020

PAWARTA BASA JAWA


pawarta


1.       Pangertene pawarta
pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :
·         Tinemu ing akal (penalaran logis).
·         Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.
·         Struktur basa trep.
·         Diksi trep ora ambigu.
·         Narik kawigaten.
·         Basa kang nengsemake.
2.       Perangane pawarta
Perangane pawarta ing antarane yaiku :
a.       Headline (judul/irah-irahan).
b.      Deadline (batas wektu).
c.       Lead (teras pawarta).
d.      Body language (surasane pawarta/bahasa tubuh).
3.       Unsur-unsur pawarta
Unsur-unsur kang kdu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when,why,who) + 1H (how) –(apa,ing ngendi,kapan,kenang apa,sapa,kepiye).
4.       Sifat pawarta
a.       Aktual (anyar).
b.      Jarak (adoh/cedhak).
c.       Penting.
d.      Akibat.
e.      Congkrah/konflik.
f.        Tintrim (ketegangan).
g.       Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi.
h.      Emosi.
i.         Humor.
5.       Nilai pawarta
Ngenani nilai pawarta, ana pangerten kang ngandharake patang nilai pawarta
(Syamsul M.Romli), yaiku :
a.       Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining bab/prastawa kang anyar.
b.      Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta.
c.       Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh.
d.      Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.
6.       Etika nulis pawarta
·         Objektif
·         Cover both side.
7.       Teknik nulis pawarta
a.       Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b.      Nemtokake teras berita (lead).
c.       Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.
d.      Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.



MATERI BASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1


A.      KASUSASTRAN JAWA
1.         Geguritan
Geguritan yaiku karangan sing awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Miturut bausastra, geguritan yaiku karangan kang kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku:
·      Pamilihing tembung
·      Wirama
·      Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
Isining geguritan:
·      Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
·      Tema        : idhe baku kang dadi dhasare geguritan
·      Amanat    : piweling sing ana ing sajroning geguritan
·      Diksi         : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
·      Retorika   : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
Titikane geguritan, yaiku:
·      Tembung-tembung pilihan
·      Isine mentes
·      Cacahe larikan ora katemtokake
·      Sajak pungkasan bebas
·      Arang-arang nggunakake tembung pangiket
·      Nggunakake tembung kawi sawetara
Gurit kaperang dadi loro, yaiku:
·      Gurit kuna
·      Gurit anyar utawa geguritan
Gurit kuna duweni pathokan:
·      Diwiwiti tembung sun nggegurit
·      Cacahe wanda saben sagatra pada
·      Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
Geguritan duweni pathokan:
·      Cacahe gatra tanpa wilangan
·      Cacahe wanda saben gatra bebas
·      Tibane swara bebas
·      Pamilihing tembung diutamakake sing mentes
·      Ora nganggo tembung sun nggegurit

2.
         Tembang Macapat
Tembang macapat kaperang dadi telu, yaiku:
·      Tembang gedhe (sekar ageng utawa tembang kawi)
·      Tembang tengahan
·      Tembang macapat utawa tembang cilik
Kejaba tembang ing dhuwur, ana reriptan gagrag anyar sing diarani tembang dolanan utawa lelagon dolanan.
Tandha-tandhane tembang macapat, yaiku:
·      Nganggo paugeran guru wilangan, guru lagu, lan cacahing gatra saben sapada
·      Basane nganggo basa Jawa gagrag anyar
·      Bisa tanpa iringan gendhing
Gunane tembung macapat, yaiku:
·      Kanggo kasusastran jaman saiki
·      Kanggo bawa utawa nggerongi gendhing
·      Ngarang kapustakan jawa
·      Kanggo lagu kethoprak lan wayang wong
·      Kanggo parikan lan dhagelan
Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat, yaiku:
·      Pada                     : cacahan tembang macapat saben salagu, saka wiwitan nganti pungkasan (bait)
·      Pupuh                   : sak pupuh isine pirang-pirang bait tembang salagu.
·      Guru gatra            : cacahing larikan tembang macapat
·      Guru wilangan     : cacahing wanda (suku kata) ing saben larikan tembang macapat
·      Guru lagu             : tibaning swara saben pungkasan larikan tembang
·      Dhong-dhing        : 1) guru lagu, 2) guru lagu tiba swara u utawa i
Tembang macapat cacahe 11, yaiku:
No
Jeneng Tembang
Nilai Filsafat
1
Mijil
Lair, watake prihatin lan trenyuh
2
Maskumambang
Nggambarake wektu isih cilik, watake prihatin, karanta-ranta
3
Sinom
Nggambarake wektu isih bocah utawa nom-noman, watake grapyak, sumanak, luwes
4
Durma
Diwasa, watake galak, nepsu, muntaban, lan mantep
5
Asmarandhana
Kapranan utawa kesengsem, watake sedhih, sengsem, prihatin
6
Kinanthi
Nggambarake wektu omah-omahan, watake seneng, tresna asih
7
Dhandhanggula
Seneng nyambut gawe, tulung-tinulung, watake luwes, resep, manis
8
Gambuh
Bisa jumbuhake kabutuhan, watake wani, wanuh, rumaket, kulina
9
Pangkur
Ngungkurake kadonyan, watake sreng, kejem, nantang
10
Megatruh
Pegating nyawa saka raga, watake sedhih, susah, kingkin
11
Pocung
Nggambarake layon dipocong, watake sakepenake