Pranatacara
A. Pemahaman Pranatacara
1. Hakikat Pranatacara
Pranatacara
Nagari Indonesia kadadosan saking
maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika
njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing
warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunpepetri sarta dipunlestantunaken.
Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing
jaman rumiyin ateges sampun tumut ngleluri kabudayaning bangsa. Kanthi punika
kapanggalih perlu wontenipun wewaton sawatawis minangka panglimbang saha
ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat
sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep nggadhahi
kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara
ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi
panatacara.
Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat
medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah
sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang
ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi
kalebet ewoning tiyang Pranatacara, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi
wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah
dipunsamektakaken sangunipun saha asring dipungladhi utawi dipunlatih. Kanthi
mekaten, jinisipun pidhato utawi Pranatacara saged kabedakaken dados warni
sekawan, inggih menika:
1. Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara
menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin
lajeng dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis
kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun
boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks
(cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged
ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening
lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2. Pranatacara kanthi cara
maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika
juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun,
boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika gadhah ancas supados boten
mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.
3. Pranatacara kanthi cara
dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang
boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi
ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi
pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun
bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha
kathah pengalaman lan seserepan.
4. Pranatacara kanthi
cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar
sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang
badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan
ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting Pranatacara
dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan
swasana utawi keperluan.
Pranatacara, miturut isi lan basanipun,
gadhah sipat-sipat: ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, populer,
ilmiah, mligi utawi umum.
Kejawi punika, nalika nindakaken
Pranatacara sawijining paraga kedah anggadhahi sangu utawi syarat:
1. Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala Pranatacara kedah nedahaken
tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang
prasaja, menapa wontenipun, boten dipundamel-damel. Mimik utawi
ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana
remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging
pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar
tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun
kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken
raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.
2. Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan
ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan.
Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining sarira saking busana”. Liripun, ing
salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana ingkang boten trep (‘norak’)
ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering kawigatosan tumraping
para rawuh.
3. Basa lan sastra
Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran,
sesambetan, utawi lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila,
basanipun boten basa dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi
ing akathah. Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin
trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken:
a. sinten ingkang gineman
b. sinten ingkang dipunajak gineman
c. sinten ingkang dipunginemaken
d. swasana nalikanipun gineman
e. sami mangertosi ingkang dipunginem.
Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken Pranatacara
mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana
nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal,
lan kabetahanipun.
(Kabesut sakingTuntunan Pranatacara saha Paniti
Laksana dening Drs. Sutardi Atmasandjaja, kanthi
ewah-ewahan sawetawis)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut Ancas utawi
Tujuan:
1. Pranatacara
pambagyaharja
2. Pranatacara
mamitaken jenazah
3. Pranatacara
ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4. Pranatacara
ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5. Pranatacara
pamedhar sabda
6. Pranatacara
palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut Isi lan Basa:
1. Pranatacara
ringkes lan prasaja
2. Pranatacara
rowa lan rinengga
3. Pranatacara
popular
4. Pranatacara
ilmiah
5. Pranatacara
mligi utawi umum
Cengkorongan Medhar Sabda:
1. Salam pambuka
2. Atur puji
syukur dhateng Gusti Allah
3. Atur
kasugengan, kairing atur panuwun
4. Wedharing gati
utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
5. Atur nyuwun
pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6. Panutuping
atur/ salam
Tuladha Teks Pranatacara:
PANATACARA ING ADICARA SYAWALAN
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah
ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para
rawuh ingkang minulya.
Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang
dahat kinabektèn. Para pangembating praja ingkang
sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu, para kadang
sepuh anem, para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing
pakurmatan.
Keparenga kula mambeng saha
nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit
kula piniji
saking panitya, kinèn ngaturaken urut reroncèning acara ing
wekdal menika. Namung sadèrèngipun kula ngaturaken rantamaning acara
menika, sumangga kula dhèrèkaken ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha
Agung, karana sih wilasa miwah barokah
ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, satemah
ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih
saking rubéda nir ing sambékala. Amin.
Nun inggih para lenggah ingkang
sinuba ing pakurmatan, keparenga panatacara
murwani lekasing sedya ingkang menika énggal badhé binuka lampahing
titilaksana acara syawalan, kanthi ngaturaken reroncèning acara ingkang sampun
karantam déning panitya, nun inggih:
1. (Acara ingkang angka sepisan) pambuka
2. (Angka kalih) waosan kitab suci Al-Qur’an
3. (Déné ingkang angka tiga inggih menika)
atur pambagyaharja
4. (Acara angka sekawan) pratignya syawalan saking
wiranèm
5. (Ingkang angka gangsal) pratignya syawalan saking
warga
6. (Déné ingkang angka enem) pratignya syawalan
saking pengurus
7. (Acara ingkang angka pitu) inggih menika
panampining pratignya syawalan
8. (Acara ingkang angka wolu) inggih menika jawat
asta
9. (Acara ingkang angka sanga) inggih menika suméné
sawetawis
10. (Tataran acara ingkang angka sedasa) katerangan bab syawalan
utawi hikmah syawalan
11. (Ndungkap acara ingkang angka sewelas utawi ingkang
pungkasan) inggih menika panutup
Mekaten para rawuh ingkang
minulya, rantamaning adicara ing
kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara,
sumangga kula dhèrèkaken sesarengan manungku puja konjuk wonten
ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung,
miturut agami saha kapitadosanipun piyambak-piyambak.
Sumangga kula dhèrèkaken.
................................................................................................................................................
Cekap, matur nuwun.
Para lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih
inggih menika waosan kitab suci Al-Quran. Pramila dhumateng
paraga ingkang sampun kapiji nenggih
sedhèrèk................... kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Kaaturaken
aguning panuwun
dhumateng
sedhèrèk
.............
mugi-mugi amal saé
panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah
SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng
ngluberaken rahmatipun. Amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat
kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka tiga
inggih menika atur
pambagyaharja saking pangarsaning panitya
ingkang badhé dipunsalirani déning panjenenganipun
bapak............. dhumateng penjenganipun bapak ............ kula
sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten atur pambagya saking
pangarsaning panitya, kanthi terang trewaca wijiling pangandika ngaturaken
pambagya. Salajengipun, acara ingkang angka sekawan inggih menika
pratignya syawalan saking para wiranem kukuban ............. ingkang
badhé dipunsalirani déning sedhèrèk ....... dhumateng sedhèrèk
................................. kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Matur nuwun dhumateng sedhèrèk
..........
minangka
sulihipun para
mudha
wewengkon........... Salajengipun, adicara ingkang angka gangsal
inggih menika pratignya syawalan saking warga kukuban .............
ingkang badhé dipun sarirani dening
panjenganipun bapak ....... minangka wakiling
sedaya warga. dhumateng panjenganipun
bapak ................................. kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun bapak
....................... ingkang sampun kepareng nyulihi
sedaya warga. Pratignya syawalan salajengipun
inggih menika saking pengurus wewengkon
.........................,
ingkang
badhé
dipunsalirani dening
panjenenganipun bapak
....................... dhumateng panjenganipun bapak
................................. kula sumanggakaken
....................................................................................................................................................
Sampun purna pangandikan saking panjenganipun Bapak ......... minangka sulihing
sedaya pengurus.
Para lenggah ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka pitu
inggih menika panampining pratignya syawalan saking para wiranem, saking
sedaya warga tuwin saking para pengurus dening
sesepuh pangarsaning wewengkon ...................... ingkang
badhé katindakaken déning panjenganipun
bapak........................
dhumateng penjenganipun bapak
..............................
wekdal kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Terang trewaca wijiling pangandikan saking
panjenganipun bapak ................ nampi saha
hananggapi pratignya syawalan ingkang sampun katur ing ngajeng.
Dhumateng pajenganipun bapak
................... kula aturaken agunging panuwun.
Para rawuh ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka wolu
inggih menika jawat asta. Dhumateng panjenganipun bapak
sesepuh pangarsaning kampung kasuwun kapareng jumeneng, nampi
jawat asta kawiwitan saking para pinisepuh, lajeng para pengurus,
kasambet dening sedaya warga, mekaten ngantos waradin. Wekdal sacekapipun kula
sumanggakaken.
.............................................................................................................................................
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, atur uninga bilih acara ing
kalenggahan menika dèrèng purna. Tataran adicara ingkang
angka sanga inggih menika suméné sawetawis. Dhumateng para rawuh, sumangga
kepareng lenggah kanthi mardikaning penggalih ngrahabi dhaharan saha unjukan
ingkang sampun kacawisaken déning panitya. Minangka panglipur sawetawis, badhé
katur pasugatan lumantar pita swara. Dhumateng kadang panata swara kula
sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Nuwun para lenggah ingkang dahat kinurmatan, kepareng sumela atur,
ndhèrèk nggempil
kamardikan panjenengan sami, awit badhé katur sambeting adicara.
Jumbuh kaliyan urut reroncèning
acara ingkang sampun katur wonten ngajeng,
tataran adicara ingkang angka sedasa inggih menika hikmah syawalan
ingkang badhé dipunwedhar déning panjenenganipun bapak ..................
dhumateng panjenenganipun bapak ............ wekdal saha papan kula
sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Mekaten para rawuh, katerangan bab syawalan saking panjenenganipun bapak
..................
mugi-mugi sageda andayani tambahan
seserepan saha kathah gina paedahipun tumrap
kula lan panjenengan sedaya. Dhumateng bapak
................................ kula aturaken agunging panuwun.
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang
pungkasan inggih menika panutup. Sumangga pepanggihan ing wekdal menika
kapungkasi sesarengan kanthi atur panuwun wonten ngarsaning dalem Allah
SWT ingkang Maha Agung, déné acara syawalan ing kalenggahan menika
saking purwa, madya, dumugi wasana
saged kaleksanan kanthi raharja tebih saking
sambékala. Donga puji syukur kula sumanggakaken miturut agami saha kapitadosanipun
piyambak- piyambak, sumangga.Cekap, matur nuwun
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap
ingkang boten ndadosaken
renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh
subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami
saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang
tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Thanks kak, sangat membantu
BalasHapusSangat bermanfaat kak
BalasHapus👍
BalasHapusGood
BalasHapusGood job
BalasHapusnice
BalasHapusMantap-mantap
BalasHapusBagus banget. Suwun
BalasHapusMashok
BalasHapusSiip
BalasHapusSemoga bisa menambah ilmu bagi yg membaca 👌👌
BalasHapusBermanfaat👍
BalasHapuswidiwwww
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusBermanfaat sekali yg dishare 😊
BalasHapusBarokallah.. Semoga bermanfaat
BalasHapusKerenn
BalasHapusMantul
BalasHapus