Rabu, 15 Januari 2020

Cerita Rakyat Basa Jawa – Bahasa Jawa Kelas 11 Semester 2


CRITA RAKYAT


1.    Pengertene Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku cerita kang ana ing swijining daerah lan kan awujud karya kolektif(bebarengan) kang diwarisake kanti turun temurun .


2.    Unsur Crita Rakyat
·  Tema : Ide pokok utowo permasalahan utama kang ndhasari crita.


·  Latar/setting: Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita.


·  Alur/plot : urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2 yaiku alur maju/progresif lan alur mundur/flash back progresif.


·  Sudut Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan, kewan, lan sapiturute.
·  Penokohan : Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dingerteni saka tumindake, ciri fisike, utawa lingkungane.


·  Konflik : Perkara kang dadi punjere crita.
3.    Karakter Crita Rakyat
·  Anonim : Crita ora kaweruhan      sapa kang nganggit.
·  Kolektif : Duweke masyarakat bebarengan.
·  Dicritakake kanti lesan.
·  Dicritakake turun temurun.


4.    Jenising Crita Rakyat
·  Mitos : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan lan paragane arupa manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kesakten. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Sunan Lawu, Saridin,  lan sapiturute.
·  Legenda :Crita asal-usul sawijining panggonan lan biasane ana petilasane arupa watu, wit, gunungkali, lan sapiturutipun. Kedadeane kutha Rembang, Rawa Pening, kedadeyane kutha Surabaya.
·  Dongeng :Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Jaka Tarub, Keong Emas, Timun Emas.

14 komentar: