A. KASUSASTRAN JAWA
1. Geguritan
Geguritan yaiku
karangan sing awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Miturut bausastra,
geguritan yaiku karangan kang kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagune ora ajeg. Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan,
yaiku:
· Pamilihing
tembung
· Wirama
· Sandhanganing
basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
Isining geguritan:
· Irah-irahan:
gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
· Tema
: idhe baku kang dadi dhasare geguritan
· Amanat
: piweling sing ana ing sajroning geguritan
· Diksi
: pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
· Retorika
: alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
Titikane geguritan, yaiku:
· Tembung-tembung
pilihan
· Isine mentes
· Cacahe larikan
ora katemtokake
· Sajak pungkasan
bebas
· Arang-arang
nggunakake tembung pangiket
· Nggunakake
tembung kawi sawetara
Gurit kaperang dadi loro, yaiku:
· Gurit kuna
· Gurit anyar
utawa geguritan
Gurit kuna duweni pathokan:
· Diwiwiti
tembung sun nggegurit
· Cacahe wanda
saben sagatra pada
· Tibane swara
ing pungkasan gatra runtut
Geguritan duweni pathokan:
· Cacahe gatra
tanpa wilangan
· Cacahe wanda
saben gatra bebas
· Tibane swara
bebas
· Pamilihing
tembung diutamakake sing mentes
· Ora nganggo
tembung sun nggegurit
2. Tembang Macapat
Tembang macapat kaperang dadi telu, yaiku:
· Tembang gedhe
(sekar ageng utawa tembang kawi)
· Tembang
tengahan
· Tembang macapat
utawa tembang cilik
Kejaba tembang
ing dhuwur, ana reriptan gagrag anyar sing diarani tembang dolanan utawa
lelagon dolanan.
Tandha-tandhane
tembang macapat, yaiku:
· Nganggo
paugeran guru wilangan, guru lagu, lan cacahing gatra saben sapada
· Basane nganggo
basa Jawa gagrag anyar
· Bisa tanpa
iringan gendhing
Gunane tembung macapat, yaiku:
· Kanggo
kasusastran jaman saiki
· Kanggo bawa
utawa nggerongi gendhing
· Ngarang
kapustakan jawa
· Kanggo lagu
kethoprak lan wayang wong
· Kanggo parikan
lan dhagelan
Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat, yaiku:
· Pada
: cacahan tembang macapat saben salagu, saka wiwitan nganti pungkasan (bait)
· Pupuh
: sak pupuh isine pirang-pirang bait tembang salagu.
· Guru
gatra :
cacahing larikan tembang macapat
· Guru
wilangan : cacahing wanda (suku kata) ing saben larikan
tembang macapat
· Guru
lagu :
tibaning swara saben pungkasan larikan tembang
· Dhong-dhing
: 1) guru lagu, 2) guru lagu tiba swara u utawa i
Tembang macapat cacahe 11, yaiku:
|
No
|
Jeneng Tembang
|
Nilai Filsafat
|
|
1
|
Mijil
|
Lair, watake prihatin lan trenyuh
|
|
2
|
Maskumambang
|
Nggambarake wektu isih cilik, watake prihatin,
karanta-ranta
|
|
3
|
Sinom
|
Nggambarake wektu isih bocah utawa nom-noman, watake
grapyak, sumanak, luwes
|
|
4
|
Durma
|
Diwasa, watake galak, nepsu, muntaban, lan mantep
|
|
5
|
Asmarandhana
|
Kapranan utawa kesengsem, watake sedhih, sengsem, prihatin
|
|
6
|
Kinanthi
|
Nggambarake wektu omah-omahan, watake seneng, tresna asih
|
|
7
|
Dhandhanggula
|
Seneng nyambut gawe, tulung-tinulung, watake luwes, resep,
manis
|
|
8
|
Gambuh
|
Bisa jumbuhake kabutuhan, watake wani, wanuh, rumaket,
kulina
|
|
9
|
Pangkur
|
Ngungkurake kadonyan, watake sreng, kejem, nantang
|
|
10
|
Megatruh
|
Pegating nyawa saka raga, watake sedhih, susah, kingkin
|
|
11
|
Pocung
|
Nggambarake layon dipocong, watake sakepenake
|
Bagus kali kak
BalasHapusmantapmantapp polll
BalasHapusTerimakasih sedikit ilmunya kak👍
BalasHapusMantull
BalasHapusMantapp
BalasHapusSangat bermanfaat 👍
BalasHapusLanjutkan good
BalasHapusGood
BalasHapusMantap-mantap
BalasHapusMashok dek
BalasHapusMantap😍
BalasHapusBaguss sekali lah
BalasHapusGud👌👌
BalasHapuswidiw
BalasHapusBarokallah.. Semoga bermanfaat
BalasHapusWah bermanfaat
BalasHapus